Sabtu, 03 Desember 2011

Geguritan Kanggo Ibuku


Kangen Banget


Ing bengi sing sepi banget
Aku ngelamun dhewe
Dikancani bulan lan lintang
kabeh ngancani aku kanti setio

Aku kangen banget karo suwijining wong
Wong sing tak tresnani
Umpomo dhewekke ono sisihku
Aku ora bakal kesepen

Biyen tansah bebarengan
Nalika aku ngalami susah
Dhewekke ono ing sandingku minongko konco
Nggawe seneng, ngelipur atiku

Nanging saiki
Krono aku nggolek ilmu
Dhewekke legowo pisah lan nggerentes atine
Mung duwe konco rupo gawean sing ora ono rampunge
Lan ing dalem bengi sing nglangut

Babarpisan ora ono sing biso nggenti dhewekke
Pengorbanane
Dhewekke tansah ono ing atiku
Ibuku, Iyo iku Ibuku…..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar